Awan mau enyong mangan lawuhe endog dadar karo jangan sop. Lagi enak-enake mangan kelingan karo cerita sing tau krungu nang radio. Ceritane ayam karo sapi, kelingan ceritane lucu nemen tapi tak eling-eling ora kemutan pastine jalan ceritane kepriben. Akhire mumpung ana internet tak googling bae nang internet. Golet-golet nang internet akhire nemu juga. Ceritane kaya kiye kyeh:
Ayam: Aseem, enyong sewot nemen karo menungsa kyeh.
Sapi: Emange sewot kenang apa Yam?
Ayam: Masa, pas lagi enak-enak notoli beras nang dapur, nembe mangan secuil durung wareg durung acan ujug-ujug diusir. Padahal kan, saben dina menungsa mangani endoge aku. Kanca-kancane aku ya pada disembelehi dipangan daginge. Apa enyong ora sewot, njengkeli nemen sung.
Sapi: Ndarani kowen tok sing sewot karo menungsa Yam?? Enyong luwih sewot Yam.
Ayam: Sih sewot kenang apa Pi?
Sapi: Njajal kowen bayangna owh, saben dina susune enyong dielus-elus, dipencet-pencet, diremes-remes,,,tapi nyong ora tau dijak mbojo. Sakiittt, batine enyong lara nemen kyeh. dasar manungsa durjana!!!
Cerita sore selanjute:
Sore-sore sapi weruh ayam lagi ngedumel nang pojokan. Terus sapi mereki owh, ceritane pengen ngerti ana apa karo ayam.
Ayam: Dasar manungsa, mahluk paling egois sak dunya!
Sapi : Sih bisane kowen ngomong kaya kuwe Yam?
Ayam: Deleng owh, saben dina aku ngendog pasti dijukuti. Enyong kan pengen duwe keturunan juga, tapi endoge dipangani terus.
Sapi: Hayah,,,nembe kaya kuwe be wis ngedumel.
Ayam: Sih bisane kaya kuwe, maksude kowen priben?
Sapi: Kowen nembe kaya kuwe, saben dina susune aku dinung daning manungsa tapi laka siji-sijia menungsa sing ngundang aku simbok.
Ayam: !@#$%^&**
Cerita kiye disadur sing internet, tapi asal muasale aku nulis kiye gara-gara tau krungu nang radio.
ketawa terus - demikian ekspresi mamalun ketika crita ini disampaikan ... heheheeee. lucujaya
BalasHapus