Minggu, 30 Oktober 2011

Motivasi


   Dina kiye kan ana Mario Teguh nang tipi. Wong Indonesia sing esih bujang biasane ngerti sing arane Mario Teguh kuwe sapa. Tapi sing gawe aneh sing ngerti ya bisane rata-rata kur cah enom ya??? Apa jangan-jangan cah enom nang Indonesia kuwe ora bisa motivasi awake dewek? Kudu nonton acarane Mario Teguh, kayonge angger ora nonton kaya ana sing kurang. Apa kanggo bandingan, apa kur nggo ngehibur awake dewek. Sing luwih aneh, padahal kan wis pada gede, bujang, wong-wong kuliahan lah rata-rata sing nonton. Angger bar nonton ya cerita-cerita maning endi-endi. Padahal sing diceritani, pada bae nontone. Dadi kelingan kaya pas lagi cilik nonton film satria baja hitam atawa ultramen, Karo kancane cerita-cerita "iya apik nemen yah, apa maning pas lagi berubah karo lawan musuhe, Ciat-ciat!". Padahal sing di ceritani ya pada bae nonton.

   Angger ndeleng kancane aku sing kaya kuwe sering gemuyu dewek enyong sung. Ning pan mulai atawa pas lubar acarane, mesti ana bae nang facebook atawa twitter sing nulis status-status aneh tentang acara kuwe, pan nonton lah, ora bisa nontonlah, acarane apik dadi nambah motivasi apa bae lah. Pokoke kayonge kurang gaul lah ning ora update status tentang acara motivasi kuwe.

   Angger enyong tah nonton ora nonton ya pan belih bae, sing penting urip, sehat, sukses, pokoke intine kabeh uwong kuwe nduwe cerita dewek-dewek. Bisa motivasi awake dewek, angger ora bisa motivasi awake dewek ya ngisin-ngisina nemen. Tapi ning krungu tentang motivasi pasti aku kelingan karo cerita kiye kyeh. Sing ngarang sih embuh sapa, tapi ceritane kaya kiye:

Pas nang acara motivasi, motivatore ngomong: "Tahun-tahun terbaik dalam hidupku ku habiskan bersama seorang wanita yang bukanlah istri ku."

Terus penontone pada meneng, mikir, ning ora karo bojone terus karo sapa?
Motivatore nglanjutna omongane sing mau "Ia adalah ibuku."

Otomatis penontone langsung pada tepuk tangan "Prok!...Prok!..Prok!!!"

Lha si Juki (Aran samaran) sing bar melu acara kuwe langsung mraktekna kaya kuwe nang umah owh. Pas bar mangan bengi karo bojone nang dapur, Si Juki Langsung ngomong nang ngarepe bojone "Tahun-tahun terbaik dalam hidupku ku habiskan bersama seorang wanita yang bukanlah istri ku", bar ngomong kuwe si Juki langsung mesem-mesem mbayangna bojone bakal kagum karo deweke.

Tapi bojone kederen, terus mbatin "Maksude apa? Ning ora karo aku terus karo sapa! Mesti selingkuh kyeh! Kurang ajar nemen sih?!!"

Jebule si Juki klalen kelanjutane apa, akhire merem eling-eling apa donge lanjutan omongane motivator pas mau. Terus ngomong dewek nang batin "Ning ora karo bojone aku dewek terus karo sapa ya?". Ngerti-ngerti pas matane dibuka jebule deweke wis nang Rumah Sakit lagi dirawat gara-gara disiram banyu panas daning bojone.

   Sing kudu di pahami kuwe angger pan nurun, aja kur cuma bisa Copy tok tapi ora bisa Paste. Daning aku dadi ngajari sing ora bener yah.
Priben donge sih?

2 komentar:

  1. :)) bojone juki horor,, main siram bae,, takon disit apa nesu disit kan ya bisa,, *hhm,,

    BalasHapus
  2. si Juki sing bodo, kaya kuwe be tengkulaha di praktekna nang bojone.

    BalasHapus