Minggu, 23 Oktober 2011

"Asli Tegal"

   Minggu wingi pas ana acara nang kampus, ana sing kenalan karo aku nang kampus. Pertama-tama sih ngobrol ngalor ngidul ngetan ngulon ora jelas. Rada suwe akhire aku takon-takon wis kerja durung, kerja nang ndi, akhire enyong takon sampeyan asale endi. Wong kuwe jawab ning deweke kuwe asli kalimantan, tapi SMP  sampe kuliah neng Jawa. Terus akhire wong kuwe takon balik aku dewek asline endi,  tak jawab "Asli Tegal", eh wong kuwe ngulangi omongane aku  "Asli Tegal" karo mesem-mesem. Tapi pas ngomong "Asli Tegal" seolah-olah ana tambahan konsonan "h" antarane konsonan "g" karo vokal "a" terus rada di mandegna pas konsonan "g". Dadine kata "Tegal" pengucapane dadi "Teg'ghal". Aku dewek sing krungu rada aneh tapi ya pan belih lah. Tak anggep bae wong kuwe korban iklan, iklan pas mbiyen kae loh, iklan permen hex*s ning belih salah.

   Angger wong takon "kamu asli mana?" terus di jawab "Asli Tegal" bisane wong-wong pada ngguyu yah?. Padahal sebenere laka sing lucu apa maning salah nang percakapan kuwe, dialek wong Tegal memang kaya kuwe. Pada bae kaya wong Betawi sing nganggo "p" ning ngujar "f" contohe: Nafkah dadi Napkah, terus kaya wong sekitar Jogja atawa Solo dong ngujar "b" nang ngarep dadi "mb", contohe: Bantul dadi Mbantul. Kancane aku tau curhat maning aku. Kancane aku kuwe curhate bisane angger enyong ditakoni  asline endi terus dijawab asli Tegal pada gemuyu yah? Padahal aku pas jawab "Tegal" ora medok sung, tapi malah dimedok-medokna daning sing takon. Pada ora ngrasa apa? dewek be Jawane jawa medok. Curhatane kuwe kur tak jawab, Wislah pan porakna bae. Pancen kaya kuwe uwong-uwong, akeh sing ora ngrasa. Ning jare aku kaya kuwe tah tak anggep wajar bae, malah gawe aku seneng. Soale dadi katon ning Indonesia kuwe sugih budaya. 
Iya apa belih?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar