Selasa, 25 Oktober 2011

Judule Laka

   Pas puasa wingi aku bar lunga sing Semarang, biasa owh numpak sepur kaligung. Kaligung kuwe ana telung kelas sing pertama eksekutif, trus bisnis, sing terakhir ekonomi. Angger numpak eksekutif Tegal - Semarang kena 50 ewu, eksekutif nang kene diaranine kaligung mas, angger bisnis 25 ewu, nang kaligung mas gerbonge eksekutif karo gerbong bisnis. Dadi sing pan nganggo tinggal milih pengen eksekutif apa bisnis angger tempat duduke esih ana. angger ekonomi luwih murah maning kur 15 ewu. Kelas ekonomi murah nemen sung, bayangna bae wis angger ente numpak motor sing irit nemen be Tegal - Semarang bensine enteke sekitar 3 literan, sak liter saiki 4500. Jajal owh pingna telu anjuge 13500, durung kesele. Numpak bis apa maning bis sing ekonomi bae saiki njaluke 28ewu. Bis eksekutif 36 ewu, bis karo sepur waktu sing ditempuh pada bae, mung unggule numpak bis kuwe bisa kapan bae ora dijadwal. Numpak sing pinggir dalan ya langsung ana. Angger sepur tah ana jadwale, angger telat ya ketinggalan. 

   Pas mangkat sing Tegal tah ayem-ayem bae numpak sepur ekonomi, sepi. Trus nyaman jalane ya kepenak. Bar anjug Semarang kan aku nginep owh telung dina nang kancane, tapi dijak balik bareng daning kancane tapi dina ke papat. Akhire ya wis bareng bae lah karo kancane. Pas kuwe seminggu maning bada, dadine nggo jaga-jaga arus mudik mangkat maning stasiune rada diesuki. Sak durunge subuhan langsung owh mangkat maning stasiun Poncol. Kan rancanane subuhan nang kono trus numpak sepur ekonomi sing jam 6. Pas anjug stasiun jebule ana bae sing wis antri. Sekitar enem uwongan lah sing wis antri, padahal lokete durung buka. Aku melu antri owh akhire. Aku takon karo ngarepe aku "sampeyan esuk nemen antrine". Wonge jawab, "iya antisipasi mbokan rame sih." Lagi enak-enak ngobrol jebule ana satpam loro teka, sing siji nempel pengumuman nang kaca loket, sing sijine ngomong maning wong-wong nang antrian "maaf, kereta kaligung ekonomi yang jam 6 dibatalkan." Mangkel nemen belih krungu kaya kuwe, wis sengaja teka esuk-esuk jebule sepure laka. 
   Priben donge sih! 




  Mbokan ana sing pan dolan maning Semarang atawa balik maning Tegal, kyeh tak wei jadwale:


#Sing Tegal (Stasiun Tegal)
Jam 04.40 (Bisnis)
Jam 05.20 (Mas)
Jam 09.30 (Ekonomi)
Jam 13.15 (Bisnis)
Jam 17.10 (Ekonomi)

#Sing Semarang (Stasiun Poncol)
Jam 05.50 (Ekonomi)
Jam 08.35 (Bisnis)
Jam 13.00 (Ekonomi)
Jam 16.30 (Mas)
Jam 17.00 (Bisnis)

4 komentar:

  1. kuwe sepure kaligung padha be sepur madiun jogja yak,,,
    iya belih? :D

    BalasHapus
  2. mbuh kuwe, ora tau numpak sepur madiun jogja.
    bahasa ngapake wagu men sung, wong ndi donge?

    BalasHapus
  3. oo.. mbokan tau numpak, ora tau ya,,
    mbuh kyeh wong endi, wong kesasar.. :))

    BalasHapus
  4. makane nganggo gps dadine ora kesasar owh

    BalasHapus