Sabtu, 29 Oktober 2011

Pelem

  Kiye cerita lagi aku pas cilik, angger dadi bocah maning pasti pada kelingan maning pelem karo pentil owh ya. Dong pas musime pasti pada nyolongi nang tangga-tanggane dong nang umah laka wit peleme. Dipataki atawa nganggo panahan dipanahi ben pada tiba peleme trus go rayahan. Trus angger esih pentil ngko di gepuk. Ning kelingan kaya kuwe pasti gawe ngiler sung, kecut rasane tapi pada dokoh.


  Lha kiye ceritane kan pas nyolong pentil kuwe aku ora keduman, soale esih paling cilik dibandingna kanca-kancane. Dong rayahan pentil sing tiba dipataki ya ketinggalan. Pada suatu saat balik magriban, pas lagi mlaku enyong weruh pentil kemruyek nemen nang ngarep umahe pak Kaji, angger dipatak tah mesti kena. Mumpung sepi terus dalam rangka balas dendam pas rayahan ora keduman. Enyong langsung golet watu sing akeh, trus langsung tak patakna bae belih. Sing pertama ngepong, sing keloro kena tapi kur goyang tok laka sing tiba siji-sijia, barang sing ketelu tak patakna, pentil sak grombol tiba kabeh..."bruk,,bruk,,bruk!". Aku ndelengna pentil sing tiba jebule akeh nemen wedi, akhire ora sida njukut siji-siji acan langsung mlayu bae. Balik langsung mlebu kamar. Kringet atis metu gemrojos, jantunge kenceng nemen owh "dag, dig, dug, dag, dig, dug" ora kebayanglah ning konangan sing nduwe priben. Trus pas isya di kongkon sholat isya maning mushola akhire ya emoh, soale engko lewat dalan sing pentile tiba akeh nemen mau sih. Sholat isyane nang kamar, bar kuwe langsung turu bae.

   Esuk-esuke pas balik sekolah jebule ana pentil limang iji nang meja makan, barang tak deleng-deleng kayonge pentil sing lagi bengi tak patak yah. Enyong takon bapane, "Abah, kae pentil olih diwei sapa?" apen-apene ora ngerti. Bapane aku jawab owh, "mau pak Kaji bagi-bagi pentil maning tangga-tangga, jare pentile tiba akeh nemen daning angin". "Owh, kaya kuwe" enyong njawab ngono padahal nang atine, alhamdulillah, alhamdulillah jebule ora konangan.

 Dong saiki dipikir-pikir kan, pas waktu kuwe pengen pentil tapi barang dipatak jebule sing tiba akeh nemen malah wedi, kan aneh. Sejen karo wong korupsi ning diwei akeh malah kuwe sing di goleti. Tapi ya asline pada bae nyolong, laka sing apik.

Iya apa belih?
  

Tidak ada komentar:

Posting Komentar