Rabu, 26 Oktober 2011

Ayam karo Sapi

   Awan mau enyong mangan lawuhe endog dadar karo jangan sop. Lagi enak-enake mangan kelingan karo cerita sing tau krungu nang radio. Ceritane ayam karo sapi, kelingan ceritane lucu nemen tapi tak eling-eling ora kemutan pastine jalan ceritane kepriben. Akhire mumpung ana internet tak googling bae nang internet. Golet-golet nang internet akhire nemu juga. Ceritane kaya kiye kyeh:


Sore-sore nang peternakan sing kadohan, katon ana ayam karo sapi. Kayonge tah lagi ngobrol, jajal di pereki bae yuh lagi pada curhat apa donge.

Ayam: Aseem, enyong sewot nemen karo menungsa kyeh.

Sapi: Emange sewot kenang apa Yam?

Ayam: Masa, pas lagi enak-enak notoli beras nang dapur, nembe mangan secuil durung wareg durung acan ujug-ujug diusir. Padahal kan, saben dina menungsa mangani endoge aku. Kanca-kancane aku ya pada disembelehi dipangan daginge. Apa enyong ora sewot, njengkeli nemen sung.

Sapi: Ndarani kowen tok sing sewot karo menungsa Yam?? Enyong luwih sewot Yam.

Ayam: Sih sewot kenang apa Pi?

Sapi: Njajal  kowen bayangna owh, saben dina susune enyong dielus-elus, dipencet-pencet, diremes-remes,,,tapi nyong ora tau dijak mbojo. Sakiittt, batine enyong lara nemen kyeh. dasar manungsa durjana!!!

Cerita sore selanjute:

Sore-sore sapi weruh ayam lagi ngedumel nang pojokan. Terus sapi mereki owh, ceritane pengen ngerti ana apa karo ayam.

Ayam: Dasar manungsa, mahluk paling egois sak dunya!

Sapi : Sih bisane kowen ngomong kaya kuwe Yam?

Ayam: Deleng owh, saben dina aku ngendog pasti dijukuti. Enyong kan pengen duwe keturunan juga, tapi endoge dipangani terus.

Sapi: Hayah,,,nembe kaya kuwe be wis ngedumel.

Ayam: Sih bisane kaya kuwe, maksude kowen priben?

Sapi: Kowen nembe kaya kuwe, saben dina susune aku dinung daning manungsa tapi laka siji-sijia menungsa sing ngundang aku simbok.

Ayam: !@#$%^&**

Cerita kiye disadur sing internet, tapi asal muasale aku nulis kiye gara-gara tau krungu nang radio.


1 komentar:

  1. ketawa terus - demikian ekspresi mamalun ketika crita ini disampaikan ... heheheeee. lucujaya

    BalasHapus