Jumat, 28 Oktober 2011

Friday Pray (diwaca: Jumatan)

   
   Ceritane lagi nang negara jiran kyeh, sing sering gawe geger karo Indonesia. Pas sholat jumat mau cerita udan deres tapi kur pas adzan sampe salam tok. Ajib nemen owh ya...udan kur pas sholat tok, padahal terang nemen sung sak durunge sholat. Pancen tanggane Indonesia kiye dong masalah cuaca kiye rada ekstrim. Sing awite terang laka limang menit be bisa berubah udan deres sung.

   Balik maning cerita sholat jumat, gara2 udan kuwe mau aku dadi kelingan pas sholat jumat nang Semarang. Mbuh gara2 apa bisane aku dadi kelingan maning cerita kiye. Padahal ora nyambung babar blas karo udan mau awan. Sing pada kur waktune tok, pas jumatan. Ceritane aku duwe kanca telu, bocah-bocah kuwe dong pan mangkat jumatan mesti ngenteni khotbah mulai. Dong krungu khotbah nembe mulai pada adus owh. Pokoke adong saben jumatan mesti kaya kuwelah. Soale kadiran masjide perek, kur kacek enem umah dadine kaya kuwe. 

   Lha suatu saat, pas sholat jumat khatibe ora mangkat, trus ora konfirmasi karo pengurus masjide. Khatib cadangane ya pada bae ora mangkat. Bocah-bocah kuwe kan ora pada ngerti ning khotibe laka. Esih nyante-nyante bae owh ning umah. Padahal pengurus masjide keder kelabakan khatibe laka kabeh. Akhire ana pak Kaji sing rada dituwakna ning kono dikon khotbah daning pengurus masjide. Usulane pengurus masjide pak Kaji mei khotbah secuil mbuh apa. Pokoke khotbah eben sholat jumate sah. 

   Pak Kajine akhire mei khotbah owh, tapi khotbahe secuil nemen laka lima menit. Kira-kira khotbahe kaya kiye "Assalamualaikum, dikarenakan khatibnya tidak bisa hadir maka saya gantikan. Rukun Islam itu ada lima perkara, yang pertama syahadat, kedua sholat, ketiga puasa, keempat zakat, dan terakhir haji. Oleh karena itu sebagai umat Islam kita harus melaksanakannya. Wabillahitaufik wal hidayah wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh." Lha sing geger kuwe sing nang umah, aku ladi pan adus nembe mlebu kamar mandi di gedor-gedor lawange. "Gagian sholat jumate wis pan mulai!" akhire aku ora sida adus, kur njukut wudu tok owh. Sarungan trus mlayu nang mesjid. Aku metu karo sing ngedog-ngedog lawang, sing ngedog lawang wudune nang mesjid. Lha kancane aku sing loro, sing siji nembe mlebu kamar mandi lagi pas tak tinggal. Sing sijine esih udud, jare tah kebelet nguyuh tapi kan kamar mandine esih dienggo.  Akhire sing siji ora melu jumatan sing sijine telat, ketinggalan sak rokaat.

  Kaya kuwe ceritane, angger gawe gemuyu ya alhamdulillah, angger dianggep biasa-biasa bae laka menarike ya ora apa-apa. Aku sih sing penting nulis. Mbokan ana bakat dadi penulis.

Iya apa belih?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar