Senin, 24 Oktober 2011

Enyong, Inyong, apa Aku

   Bengi kiye ceritane aku lagi keder kyeh, sing bener kata ganti wong pertama nang bahasa Tegalan sing bener kepriben sih? Nganggo enyong, inyong, apa aku?

   Ning sak kelingane aku tah awit cilik ora tau krungu wong daerahe aku dewek ngomong "inyong" nggo kata ganti wong pertama, luwih sering krungune "enyong". Kata "enyong" be dienggo jarang nemen. Sering krungune nganggo kata ganti "aku", kata "enyong" metune dong nang percakapan kanggo negesna hal-hal tertentu, contone: enyong apa kowen?; ader enyong?; enyong pan lunga disit ya. Telu kuwe kyeh contone, dibahas siji-siji ya. Nang conto pertama "enyong apa kowen?" kata "enyong" dienggo nggo negesna sing nglakoni sapa. Conto nomer loro "ader enyong?" kata "enyong" esih dienggo nggo negesna sing nglakoni tindakan sapa. Sing terakhir conto nomer telu "enyong pan lunga disit ya." kata "enyong" esih pada bae dienggo negesna sing nglakoni tindakan sapa, nang conto nomer telu enyong negesna bahwa si enyong pan  lunga. Dadi tak simpulna "enyong" kuwe dienggo nggo negesna tindakan sapa sing nglakoni.

   Analisis kuwe tah analisis ngawag sing enyong dewek tapi mbokan ana sing pengin nambahi apa mbenerna ya monggo. Soale tiap daerah sejen-sejen bahasane. Ning aku asline Tegal, terus nang daerahe aku seringe nganggo "aku" nggo percakapan saben dina. Tapi ya, "enyonge" kadang-kadang esih sering katon sih. Aku dewek be durung nemu asal kata "enyong" kuwe metune sing endi, kudu berguru maning sing ahli bahasa kyeh. Eben tambah ngerti daerahe dewek, jare kan angger ora kenal ora sayang.
Iya apa belih?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar