Jumat, 13 Januari 2012

UNJ

Pas winginan kae ana kanca lawas pas SD ketemu nang Facebook. *Ngene-ngene aku ya ngerti apa kuwe facebook. Trus pas chatting nang facebook, aku takon-takon, pada maning ndi donge kanca-kanca kabeh. Bar di ceritakna aku ngerti kabeh. 

Si Anto sing gemiyen sering gelut karo aku jebule saiki dadi tukang parkir nang pasar. Trus si Ali kanca CSe aku ya dadi tukang parkir. Muklis karo Apip jebule kerja nang Jakarta, mbuh dadi apa kuwe. Trus si Mansur anake kaji Anshor, jare saiki dadi preman nang desane, senenge balap liar dong bengi-bengi. Tapi angger ketemu karo Ali, si Mansur saiki ora wani padahal gemiyen tah Ali dijak gelut be ora tau gelem. Ali sing saiki wis ora kaya sing gemiyen, awake gede, ireng, raine isine codet bekas gelut. Wis pokoke medeni lah, cocok dadi preman pasar. 

Bar ngobrol ngalor-ngidul akhire kancane aku kuwe takon saiki aku kuliah apa kerja, trus tak jawab esih kuliah, mumet sekolah terus. Sih bisane mumet, jare kancane aku kuwe. Soale ora duwe duit sih, enyong jawabe kaya kuwe. Sih kuliah nang ndi? takon maning kancane aku kuwe. Tak jawab bae kuliah nang UNJ. Langsung kancane, ooooowhhhhhhhhhhh....dawa nemen owh ya. Sing nang jakarta ya? takon maning owh kancane. Trus tak jawab "dudu, nang Tegal ka kampuse". Nang tegal tah anane UPS, Universitas Pancasakti owh dudu UNJ. "Nang Tegal Sung" guyone aku. Sih Universitas apa kuwe? kancane takon maning. Tak jawab bae "Universitas Ngapak Jaya!".

Tidak ada komentar:

Posting Komentar