Sabtu, 07 Januari 2012

Paijo & Darmo (3)

Sore-sore nang ngarep teras Paijo lagi cekikikan dewek bar maca cerita lucu nang koran. Durung pragat ngguyune ujug-ujug Darmo teka.
"Assalamualaikum..." Darmo mei salam maning Paijo. 
"Waalaikumsalam,ya ahlalkubur..." jawab Paijo.
"Asemm, emange enyong wis mati ya Jo, ente kurang ajar nemen sih.." cletuk Darmo. 
"Guyon Mo." bales Paijo.
"Ente tah guyone keterlaluan, masa ana jawab salam kaya kuwe. Waalaikumsalam ya ahlalkubur...Waalaikumsalam bae wis cukup. Trus ader ana waalaikumsalam ya ahlalkubur, sing bener ya Assalamualaikum ya ahlalkubur tapi kuwe dienggone dong ente pan mlebu maning kuburan. Ning ente jawab salame enyong kaya kuwe berarti ente anggep enyong jombie owh Jo, tapi masa ana jombie jalan-jalan trus mei salam maning ente...ya laka. Asli sung ente ngawag nemen jawab salame..." Durung pragat Darmo jelasna panjang lebar, langsung dipotong daning Paijo.
"Uwis Mo...kedawan ente ngomonge..ngko ora bubar-bubar lakone dewek nang blog kiye". jare Paijo.
Darmo langsung nyadar "Owh iya ya Jo, tumben ente bener, Terus selanjute pimen Jo."
"Mene owh, ente njagong disit. Tak ceritani kyeh." Paijo ngejak Darmo njagong.
"Cerita apa sih Jo?"
"Cerita lucu pokoke, ceritane kaya kiye Mo...." Paijo langsung cerita maning Darmo.
Darmo ngrungukna karo mlongo...

Ana wong lanang nginep nang salahsiji hotel ternama nang Jakarta. Nang kamar hotele ana komputere sing konek karo internet. Akhire wong lanang kuwe ngirim email maning bojone, tapi sayange wong lanang kuwe salah ngetik alamat email. Padahal emaile wis dikirim, tapi wong lanang kuwe ora sadar ning deweke salah kirim email.
Trus nang salahsiji omah nang Jakarta juga. Ana wong wadon sing nembe dadi janda, sore kuwe juga nembe pragat ngubur sing lanange. Pas balik omah akhire janda kuwe mutusna mbuka email, mbokan ana email sing sedulur atawa kancane ngirimna ucapan bela sungkawa. Tapi bar maca email sing pertama ujug-ujug janda kuwe langsung klenger. Krungu suara mbak kedubrak anak lanange si Janda mau langsung mlayu maning kamar niliki ibune. Pas anjug kamar jebule ibune wis nggeletak trus pas nglinguk maning komputer anak lanange kuwe weruh email sing katon nang layar komputer:

To: Istri tersayang
Date: 5 January 2012
Subject: Ayah sudah sampai dengan selamat

Ayah tahu sayang pasti bakal terkejut dengan email yang ayah kirim ini. Ternyata mereka menyediakan komputer disini dan terhubung dengan internet. Begitu ayah tahu, ayah langsung kirim email kepada sayang.
Alhamdulillah ayah sampai dengan selamat, dan menginap disini dengan nyaman. Ayah lihat semuanya telah dipersiapkan untuk kedatangan para tamu. Pengen segera ketemu sama sayang. Semoga nanti perjalanan sayang kesini lebih terasa dan berkesan seperti yang telah ayah rasakan.

1 komentar: