Kuliah jebule kur kaya kuwe tok, adoh-adoh kuliah nang negara tetangga jebule kur kaya kiye tok. Kuliahe bengi terus, trus kuliahe cuman dina senin, selasa, rabu, karo jumat. Rata-rata kuliahe sore kabeh, mulai jam 3 sampe jam 9. Lha terus esuke dienggo apa?.Paling dienggo turu, internetan, dolanan games. Akeh nganggure sung. Eman-eman, wis durung bisa luruh duit dewek maning.
Saiki wayahe ujian semester, sing gawe lucu pas pertemuan terakhir masing-masing mata kuliah dosenne malah pada mei bocoran soal apa bae sing pan metu pas ujian. Ning kaya kiye tah gawe males belajar. Wis ngerti sing pan metu apa bae sih. Dongene kuliah kuwe kaya apa sih? Daning ka kur kaya kiye?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar