Kamis, 03 November 2011

Nginung Ciu

Bar sholat Isaya nang mushola desa, Paijo karo Darmo langsung mangkat maning umahe Kiyaine. Ceritane pan pada ngaji. Umahe pak Kiai karo mushola jarake lumayan adoh, sekitare 10 menitan dong mlaku. Kan, dalan sing maning umahe Kiyaine mung-munge ana siji tok terus nglewati kuburan disit. Saking lagi kiyeng-kiyenge ngaji, Paijo karo Darmo ora peduli mbuh lewat kuburan mbuh apa. Pokoke kudu mangkat ngaji. Lha pas nyampe nang kuburan jebule Paijo karo Darmo ketemu sak gerombolan preman, sekitare wong lima lagi pada nginung-nginung ciu nang ngarepe kuburan. Otomatis Paijo karo Darmo apen-apen ora weruh, wedi mbokan di jaluki duit. Jalan bae karo ngobrol tapi ngobrole lirih, kaya lagi wisik-wisikan:

*) Paijo= P, Darmo= D

P: "Mo, ning wong wis pada teler kaya kuwe ora pada wedi yah? Kuburan mbuapa ya nggo tempat teler."

D: "Ya, iyalah...kan wis pada dadi kancane setan."

P: "Heran ish.."

D: "Nang Islam nginung ciu kowe ora olih, tapi dasar wong-wong kuwe kancane setan, wis ora olih ya tetep bae dilakoni."

P: "Iya aku kelingan, pak Kiai tau nerangna pas ngaji tapi aku klalen. Surat apa yah Mo? Sing ayat nomer sangangpuluh."

D: "Kowen tah klalenan."

P: "Kowen kelingan Mo,,gagian sing kaya apa yah...Tuman kyeh pan tak domongi wong-wong kuwe."

D: "Surat Al Maidah ayat sangangpuluh."

P: "Sing monine priben Mo?"

D: "Hai orang-orang yang beriman, sesungguhnya meminum khamar, berjudi, berkorban untuk berhala, mengundi nasib dengan panah, adalah perbuatan keji termasuk perbuatan setan..."

P: "Hob...Hob... iya Mo,,aku wis kelingan."

D: "Sung, wis kelingan?"

P: "Uwis Mo."

Bar kelingan Paijo langsung owh, balik putar balik maning gerombolan preman mau. Langsung owh,,ngomong:

*) Paijo= P, Preman-Preman= Pr

P: "Heh, kowen-kowen kabeh,,,Ora pada ngerti dosa ya???"

Pr: "???"

P: "Hai orang-orang yg beriman janganlah kalian meminum minuman keras karena itu adalah minuman setan..."

Pr: "Terus kenang apa?!!"

Paijo wedinen di bentak daing salah sijine preman, padahal durung pragat ngomonge.

P: "enyong durung pragat ngomonge, aja kaya kuwe owh..."

Pr: "Eh, wani yah"

Saking wedine, Paijo langsung mlayu...karo mlayu lanjutna omongane mau."

P: "Hai orang-orang yg beriman janganlah kalian meminum minuman keras karena itu adalah minuman setan,dan apabila kalian meminumnya terus menerus nanti setan minum apaan?"

Pr: "!@#$%$%^&?!!!"

Tidak ada komentar:

Posting Komentar