Senin, 07 November 2011

Ngimpi

Enyong tau turu terus pas kuwe ngimpine mencolot pan njukut pelem, pas tangi-tangi jebule aku wes tiba sing kasur

Sabtu, 05 November 2011

Restoran

Sawise ngobrol ngalor-ngidul, ngetan-ngulon soal bisnis akhire Paijo karo Darmo mutusna pan dodolan panganan. Rencanane buka restoran seafood, soale nang desane durung ana sing buka restoran seafood. Restorane diarani PD Restoran. Nembe telung wulan buka wis berkembang pesat restorane. Saben dina rame terus, akeh sing tuku. Tapi sayange, rame kaya kuwe tapi wis ping pindo restoran PD di rampok daning maling.   Duite digondol maling. Akhire Paijo karo Darmo diskusi priben carane eben ora terulang dirampok maning.

*)P= Paijo, D=Darmo
D: "Jo, Restorane dewek wis ping pindo kyeh dirampok"
P: "Iya Mo, priben kuwe Mo, ana usul belih ben restorane dewek ora bisa dirampok maning?"
D: "Pasang CCTV bae priben Jo?"
P: "Larang kuwe Mo, aja nganggo CCTV nganggo satpam bae priben? Kan luwih murah terus ana penjagaan langsung."
D: "Tumben ente pinter Jo, Iya wis nganggo satpam bae. Timbang CCTV, satpam luwih efektif tur murah."
P: "Iya Mo, Bener. Yuh gagian pasang iklan nang koran golet satpam."
D: "Tumben nemen sung ente bener mikire tur lancar ngatasi masalah kaya kiye Jo."
P: "Ya iyalah Mo. Enyong kan pinter, ader kowen???"
D: "Tapi aku esih heran Jo, bisane restorane dewek dirampok yah. Padahal kan nembe minggu wingi kerampokan. Apa ora wedi yah malinge?"
P: "Kuwe salahe ente Mo."
D: "Sih bisane?"
P: "Lha ente kan sing masang papan trus ana tulisane "Silahkan Datang Kembali", padahal aku kan wis ngomong dicopot bae papane Mo...dicopot, tapi ente maksa bae dipasang.
D: "!@#$%^&...Paijo...Paijo...."

Kamis, 03 November 2011

Nginung Ciu

Bar sholat Isaya nang mushola desa, Paijo karo Darmo langsung mangkat maning umahe Kiyaine. Ceritane pan pada ngaji. Umahe pak Kiai karo mushola jarake lumayan adoh, sekitare 10 menitan dong mlaku. Kan, dalan sing maning umahe Kiyaine mung-munge ana siji tok terus nglewati kuburan disit. Saking lagi kiyeng-kiyenge ngaji, Paijo karo Darmo ora peduli mbuh lewat kuburan mbuh apa. Pokoke kudu mangkat ngaji. Lha pas nyampe nang kuburan jebule Paijo karo Darmo ketemu sak gerombolan preman, sekitare wong lima lagi pada nginung-nginung ciu nang ngarepe kuburan. Otomatis Paijo karo Darmo apen-apen ora weruh, wedi mbokan di jaluki duit. Jalan bae karo ngobrol tapi ngobrole lirih, kaya lagi wisik-wisikan:

*) Paijo= P, Darmo= D

P: "Mo, ning wong wis pada teler kaya kuwe ora pada wedi yah? Kuburan mbuapa ya nggo tempat teler."

D: "Ya, iyalah...kan wis pada dadi kancane setan."

P: "Heran ish.."

D: "Nang Islam nginung ciu kowe ora olih, tapi dasar wong-wong kuwe kancane setan, wis ora olih ya tetep bae dilakoni."

P: "Iya aku kelingan, pak Kiai tau nerangna pas ngaji tapi aku klalen. Surat apa yah Mo? Sing ayat nomer sangangpuluh."

D: "Kowen tah klalenan."

P: "Kowen kelingan Mo,,gagian sing kaya apa yah...Tuman kyeh pan tak domongi wong-wong kuwe."

D: "Surat Al Maidah ayat sangangpuluh."

P: "Sing monine priben Mo?"

D: "Hai orang-orang yang beriman, sesungguhnya meminum khamar, berjudi, berkorban untuk berhala, mengundi nasib dengan panah, adalah perbuatan keji termasuk perbuatan setan..."

P: "Hob...Hob... iya Mo,,aku wis kelingan."

D: "Sung, wis kelingan?"

P: "Uwis Mo."

Bar kelingan Paijo langsung owh, balik putar balik maning gerombolan preman mau. Langsung owh,,ngomong:

*) Paijo= P, Preman-Preman= Pr

P: "Heh, kowen-kowen kabeh,,,Ora pada ngerti dosa ya???"

Pr: "???"

P: "Hai orang-orang yg beriman janganlah kalian meminum minuman keras karena itu adalah minuman setan..."

Pr: "Terus kenang apa?!!"

Paijo wedinen di bentak daing salah sijine preman, padahal durung pragat ngomonge.

P: "enyong durung pragat ngomonge, aja kaya kuwe owh..."

Pr: "Eh, wani yah"

Saking wedine, Paijo langsung mlayu...karo mlayu lanjutna omongane mau."

P: "Hai orang-orang yg beriman janganlah kalian meminum minuman keras karena itu adalah minuman setan,dan apabila kalian meminumnya terus menerus nanti setan minum apaan?"

Pr: "!@#$%$%^&?!!!"

Rabu, 02 November 2011

Akun Klonengan


Facebook, donge tah judele facebook. Pan belih temen, eben menarik dadi tak wei judul "Akun Klonengan". Enyong ngerti istilah kuwe sing forum Kaskus. Dong pada ndeleng nang facebook akeh nemen sing nduwe akun trus fotoprofile ayu-ayu, ganteng-ganteng, foto artis, kadang ya ana sing saru. Sing sak benere sing gawe atawa sing nduwe akun kuwe tujuanne apa donge. Jangan-jangan sing gawe akun kuwe nduwe kelainan psikologis. Mbuh nggo guyon atawa sengaja. 
Ana sing luwih aneh kyeh nang kene. Angger ndeleng sing komen, apa belih isin ya. Komen kaya kuwe. Kelainan psikologis kabeh jangan-jangan. Angger nduwe kenalan sing facebook ati-ati bae. Mbokan kuwe uwong kena kelainan psikologis.